Kocap kacarita, Sang Rama Parasu paripaksa ngambali angupadi ing ngendi dununging Bathara Wisnu. Nanging samangke dalan kang bakal kaambah wus katon nglegewa tan ana padhas curi kang rumpil. Amarga wus ana titikan manawa sejatine, kang den ulari wus gumathok parane. Bathara Wisnu sejatine wus nyarira marang satriya saka ing Ngayodya, kang aran Raden Rama ya Raden Regawa.
Mangkana Rama Bargawa wus manjing wana gung liwang liwung kang njlujur pener tanpa menggok marang parane Negara Ayodya. Wana kang kebegan ing eri bandhil bebondhotan. Ing kana tan kapireng aba swaraning jalma manungsa kang kapireng amung pambekosing warak lan pambaunging sima miwah pangempreting dwipangga. Nanging uga ana sajuga swara bebisik kang tinumpangan ing samirana. Tan ana sisip lamun iku swara pambisiking jim setan peri prayangan kang amalaya bumi. Keclap-
keclap wujuding kang peri lan prayangan cat ilang cat katon kanti wujud kang karya gogrog marasing kang tan darbe kawanen.
Mangkana Sang Rama Parasu tindake anelasak grumbul kang karya mobah kumarasak swarane. Sanajanta eri bandhil kang kasangkut ing raga temah pada rebah kasulayah, nanging tan kuwawa nyebit kulit daginging Sang Parasu. Tan ana bisa anggogrogake wulune senajan amung salamba! Mangkana lampahe Sang Ramaparasu wus laju. Lampahing jalma kang tetela wus ander pati, wus jeleh marang eden-edening ngaurip. Kang sinedya ing telenging nala, amung angantu-antu, kapan baya wahyane sarira bakal kasirnaake dening titising Bathara Wisnu.
Senajanta raga wus tan pakra kaya satataning jalma. Sarira kang amung alelancing klikaning kekayon sesabuk oyoting mandira, nanging dedeging angga kang teguh bhirawa amuwuhi santosaning otot bebayune. Rikma kang tuwuh gimbal, ingudhal madhul madhul tumumpang midhangan kanan kering, lan ing wingking angalembreh dumugi ing wadidang, sinawang kaya witing lapa kang tuwuh ing imbanging jejurang.
Sang Parasu amung amboga pepucuking tetuwuhan, kaleyanging kekayon lan amung anginum bun kang kacipta jagat ing kalaning gagat enjang, parandene sarirane nyata katon saya angenguwung tejane.
Ganti kang winuwus, seje papane nunggal caritane. Nalika samana ing Negari Mantili Dirja, ana pawarta kang wus sumebar angebegi jagad, lamun ana sayembara ngalap sekaring kedhaton ingkang sesilih Rekyan Sinta wus kagelar. Rentenging penggalih Sang Nata Mantili Dirja, Prabu Janaka, marga negara Mantili nalika samana wus kinepung raja sewu negara kang nunggal karep ngayunake Sang Rekyan Sinta. Paripaksa Sang Nata anggelar sayembara menthang langkap. Sak sapaa kang widagda menthang langkap Kyai Gandewa tumekeng tikel, sayekti iku kang winenang amengku garwa Sang Raja Putri.
Mangkana wus cacah atusan para narendra kang adreng mupu sayembara, waneh-waneh wujud lagu lageyaning kang angleboni sayembara. Ing kana para Narendra lan Satriya saweneh ana uga kang drajat pandhita, padha ngungasake kaprawirane. Nanging senadya surya wus surup, parandene tan ana sajuga kang kuwawa menthang kang ponang gandewa. Mesguling Sang Prabu Janaka, dene tan ana sawiji para kang amupu sayembara kang tan sembada ngentasi karya. Mangkana ririh pangandikane Sang Prabu Janaka marang Patih Satapa: “ Wus watara pirang puluh naraendra kang padha nacak menthang langkap, nanging ing dina kang kapisan iki para kang ngleboni sayembara padha gagar ing panggayuh, Patih Satapa, pira cacahe kang wus gagal ing pepanggungan?”
“Nun inggih Sinuwun, cacahing narendra ingkang mboten angsal damel watawis gangsal atus narendra satriya lan kang adarajat sanesipun. Para Narendra lan Satriya ingkang gagal sami trimah wangsul ing praja miwah kasatriyanipun piyambak-piyambak, nanging wonten ingkang saweneh taksih ningali gelaring glanggang sayembara, Sinuwun” mangkana palapuraning Patih Satapa sarwi anyembah sesedhokan.
“Dadi bakal cacah pira maneh kang bakal ngleboni sayembara?” Tetanya Sang Prabu sarwi unjal kang huswa.
“Taksih watawis atusan. Jer para ingkang sami kersa mupu sayembara, menawi kenging kagunggung cacahipun kepara langkung saking sewu raja miwah satriya, sinuwun”
“ Ladalah! Yen kaya mangkana, ngrakita papan pepanggunganing sayembara dimen luwih bakoh, Tatanen aja nganti nguciwani. Muga-muga dina iki nganti tumekaning surup surya, wus ana kang kuwawa angentasi gawe mupu sayembara. Pangajapku aja nganti andedawa crita!” Sang Prabu Janaka keparang parentah marang Patih Satapa amungkasi pasewakan
Kacarita sayembara menthang langkap wus ingambalan ing dinten kaping kalih. Sawiji mbaka sawiji urut marang wahya-praptane para kang padha ngajap Sang Kusumaning Kedhaton wus munggah ing pepanggungan. Ana saweneh Narendra kang nadyan amung nggrayang wujuding langkap, nanging kena kaprabawan dening kang Kyai Gendewa, gedhe walating langkap, temah tan kuwawa angampah. Dhawah kapidara lumayu nggendring sarwi anjejelih.
Nanging ana saweneh Narendra kang wus widagda ngangkat kang ponang langkap. Senajanta wus ngetog karosane nganti riwe mijil sak jagung-jagung, paripaksa Kyai Gendewa panggah tan kena katarik kekendhenge. Sinurakan dening kang samya nupiksa, nalika Sang Narendra andeprok kalenggah, nglumpruk tanpa daya. Kadabyang-dabyang medhak saking pepanggungan.
Surya wus gumlewang ing sisih kilen nalika giliring Sang Rama Regawa, Putra pambayuning Prabu Dasarata ing Nagri Ayodya kang sigra minggah ing pepanggungan. Senajan amung tumungkul wadanane sang apekik nggenira minggah ing pepanggungan, nanging sakedhap sang abagus paring pakurmatan marang Prabu Janaka miwah Sang Dyah Wara Sinta. Liringing netra sang abagus tempuk lan panyawange Sang Rekyan Sinta temah murub kang agni asmara. Sanadyan mangkonoa, saking trapsilaning sang abagus, panggah tan kuwawi nyawang eseming Sang Rekyan Sinta kang banget angujiwat.
Kepranan mulat wujuding Sang Rama Ragawa, sakala ing sajroning nala sang Dewi anggung atur puja-sesanti marang Jawata gung, muga-muga Satriya kang pekik ing warna keduga angentasi karya menthang kang langkap Kyai Gendewa. Mangkana rerepane Rekyan Wara Sinta lamun kawijiling lesan “ Dhuh Jawata Agung, keparenga titah pukulun atur prasetya, menawi paduka pukulun kersa paring palimarma dhumateng titah paduka. Pangajap kula ing tembe bakal setya tuhu dhumateng satriya ingkang nembe mupu sayembara menika. Mugi paduka paringa kekiyatan, supados lebda ing karya satriya ingkang dados pangidham-idham kula punika, rahinten dalu”.
Kocap kacarita nalika samana sigra Sang Rama ya Regawa wus jumeneng ing madyaning pepanggungan. Sigra Sang Regawa sedakep saluku juga nutupi babahan wiwara sanga, catur kang binengkas, sajuga kang sinidikara. Sejatine Sang Rama wus kawasa angobah wahyaning mangsakala. Tumenga marang akasa katon ana mendhung kang lumayang angasrepi papan pepanggungan. Tuhu punika sejatine tumuruning jawata kang arsa andum kabahagyan marang sang pekik. Nyembah sesedhokan marang kang nembe tumurun saking wiyati. Sigra Rama Regawa lumampah anyaketi ponang Kyai Gendewa sarwi anyembah. Siyaga sang abagus kanthi suku pinenthang kang kaya dene tumancep ing papanggungan. Ceg kacepeng ponang langkap, ingembat-embat jumepret swaraning kang Gandewa. Mawa prabawa kang jumeglug, temah tikel ponang langkap!!
Surak manengker ing wiyati mawurahan ambata rubuh wor kang tetiyang kang sami akeplok-keplok sakehing kang samya nupiksa. Ana saweneh ana kang amung kamitenggengen saka dene kaprabawan dening kaprawirane Satriya kang wus widagda amenangi sayembara. Gumerah ombyaking kang samya dumunung ing sakupenging pepanggungan daya daya kepengin uninga kanthi nglegewa sapa baya pawongan kang sudibya dene wus lebda amupu sayembara.
Kaya alunjak lunjak tyase Sang Wara Sinta yen tan enget lamun katupiksa dening para Raja Sewu Negari lan datan ajrih marang dukaning ingkang rama, Dyah Wara Sinta kaya-kaya bakal lumayu anggendring ngrangkul lungayane sang apekik lan ngarasi wadanane kang nembe amungkasi karya. Nanging sanajana kayangapa, gambiraning manah Sang Dewi tan bisa ingumpetan, katon nglegewa lamun mesem lathine, kawimbuhan binaring netra.
Lon-lonan sang Dewi medhak saking udyana marepeki kang nembe amungkasi damel. Reroncen sekar gabir-mlathi sigra kakalungan ing lungayane Sang Rama Regawa. Saksana sawusnya kakalungan ing sekar rinonce, gya kagandheng kang asta dening Sang Dewi. Sang apekik saya katon wimbuh kabagusane. Kedhep tesmak kang samya nupiksa, kadi dene nyawang jalu lan pawestri kakalih kang kekanthen asta kadi wujuding Jawata saking Arga Kembang, Batara Kamajaya lan Batari Ratih tumurun saking Kahyangane.
Kocap, Raden Rama wus lenggah satata ing ngarsanipun Sang Prabu Janaka, sawusnya atur sembah pangabekti lan ingkang rama calon marasepuh, Sang Prabu Janaka ngandika. “Bocah bagus, ora jeneng ingsun tumambuh marang sira, amarga nembe sapisan iki ingsun uninga marang jeneng sira, lamun narendra sapa jejuluk lan ngendi prajamu, lamun satriya sapa kekasihmu lan ing ngendi kasatriyanmu?”.
“Inggih Sang Prabu, waleh waleh punapa, kula wingking saking negari Ayudya, putra pambayun saking rama Prabu Dasarata ingkang mijil saking garwa prameswari, Dewi Kusalya inggih Dewi Sukasalya inggih Dewi Ragu.” Mangkana Rama umatur marang Prabu Janaka sarwi manembah.
“Jagad wasesaning Bathara, yen ingsun lungguh datan nate darbe pangangen-angen yen ta ingsun nuju nendra ora nate nyumpena yen ingsun bakal bebesanan lawan Kakang Prabu Dasarata kang wus kasusra ing jagat, narendra kang kontap kautamane kasop kaprawirane”. unjal kang huswa kalegan kadidene manggihi cempaka sawakul, kajugrugungan ing wukir sari Sang Prabu Janaka, dupi nguningani sapa sejatine kang nembe amungkasi karya mupu sayembara.
“Lah ing wuntat sira satriya kang uga pekik ing warna, ingsun uga tumambuh marang sira, apa uga ana sambung rapet kekadangane kalawan Raden Rama”Satriya kang deku-deku ing wuntating Raden Rama katambuhan.
“Nuwun inggih Sinuwun, kula kadang anem saking kakangmas Ragawa, kula ingkang nami Lesmana Widagda, ingkang mijil saking garwanipun kanjeng rama Prabu Dasarata ingkang kaping tiga, Dewi Sumitra”. Wimbuh kang trapsila, Raden Lesmana Widagda manembah sarwi matur.
“Jagad dewa bathara! Ora ngira lamun ing kene wus katekan para satriya bang pangarum-aruming jagad. We lah . . saya mongkog rasaning atiku dene wujuding kekadanganku kalawan Kakang Prabu Dasarata bakal saya rumaket awit putra putriku bakal kapudhut garwa dening Putraku Ragawa. Sinta, apa sira wus cundhuk rasamu nedya kagarwa dening Putra Ayodya ?”
“Kangjeng Rama, menapa kula maksih perlu atur wangsulan pitakenan saking paduka?” esmu kalingsem, Dewi sinta mangsuli pitakonan Prabu Janaka kanthi pitakon.
“Genahe lamun pitakonan kuwi, wajibe amung kudu kajawab. Senajan ta saka sorot netramu genah sira wis kabatang karep kerenteging ati, nanging aku mung kepengin krungu dhewe, apa kang kewetu saka lathimu iku apa padha kalawan sorot netramu?”
“Ing nguni kanjeng rama, kula sampun gadhah prasetya, sinten ingkang saged menthang kyai Gendewa ngantos tikel, menika ingkang badhe kula suwitani”.
“Apa ya mung saka kuwi?” Sang Prabu ndangu marang kang putri kepara mbebeda.
“Inggih mboten”.mbesengut nanging ngujiwat Dewi Rakyan Sinta jejawab.
“Ya nini, kebener kang wus bisa mupu sayembara nyatane satriya kang pekik ing warna. Dadi pantes lamun sira nini darbe rasa bombong lan mesthi banget nggonmu katujuprana marang sapa kang wis kuwawa mungkasi sayembara. Rak iya mengkana nini?” Mesem Prabu Dasarata kang wus tan samar marang liring netra kerenteging ati keng putri.
“Inggih, matur nuwun, Kangjeng Rama, dene paduka sampun dados wakil anggen kula matur menapa ingkang kasimpen wonten ing batin kula”. Dewi Sinta matur kalegan.
Prabu Dasarata anggujeng ririh nuli matur marang Patih Satapa, “Patih Satapa, mara gage sira utusan gandhek sakembaran marang Negara Ayodya. Aturana Prabu Dasarata dimen rawuh mahargya dhauping pangaten. Dene pista raja bakal kagelar tumpak punjen pitung dina pitung bengi, kanthi anggelar sakehing tontonan kang kabeh mau kanggo nyugata sakehing kang para tamu; para raja sumarambah marang para kawula ing Manthili”. Nyembah Sang Patih Satapa gya lengser angesthi parentahing gusti.
Gelise kang munggel kawi, nalika samana Sang Prabu Dasarata kang wahana rata wus rawuh marang Negara Mantili. Tindaknya Sang Prabu anganthi para garwa tetiga, Dewi Sukasalya ya Dewi Ragu, garwa kaping kalih nama Dewi Kekeyi lan garwa angka tiga ingkang wasta Dewi Sumitra. Gapyuk rerangkulan narendra kekalih pranyata Sang Narendra kalih punika sejatine sumitra kang wus lami tan pinanggya.
Sasampunipun ingacaran lenggah satata, tan angilangi suba sita Sang Prabu kekalih samya imbal tinaken ing kasugengan. Prabu Dasarata sigra sinungkeman dening ingkang Putra Raden Ragawa.“Putraku ngger, nyata lamun jenengsira wus ngancik akhir diwasa. Nyata lamun sira kuwawa dadi putra gegebenganing ati. Putara kang bisa kaaran anak anung anindita”. Mangkana pangandikane Prabu Dasarata kang kawiji sepisanan. “Sira wus keduga madeg jejeg saka kakuwatan sira pribadi. Dadi suka lan gambiraning tyas sira utamane lan mesthi wae sumrambah marang wong atuwamu sarta para kadang-kadangira. Muga jawata agung tansah memayungi marang labeh kang dadi lenging ciptamu, Ragawa!”
Anyembah sesedhokan Sang Rama Regawa, tumunten lengser palenggahe anyaketi unggyaning para ibu kang kaya kamitenggengen mulat putra pambayun kang saya santosa sarirane. Mangkana para ibu kang mulat beda antaraning Rama nalika nembe pamit ngulandara saking negari kang wusanane antuk kanugrahan, peparing saking jawata gung dene wus pinesthi mengku garwa putri Manthili. “Putraku Ragawa, mujiya sukur marang kang akarya jagad, ya ngger. Kaya kang ibumu tindakake anggone muja sesanti rina pantaraning ratri, supaya sira kinalisa ing bebaya Lan muga antuka palimarma saka Jawata Agung. Sira uga samesthine minta restu santi puja marang ibumu Kekayi lan Sumitra. Awit ibumu kekarone uga tansah anjangkungi lakumu kanthi tekung anggone muja sesanti”
“Kangjeng ibu Kekayi lan Kangjeng ibu Sumitra, kula nyuwun pangestu supadosa kalis ing sambekala anggen kula anglampahi alam jejodhoan”.
“Iya ngger, pamujiku tansah dak aturake marang kang akarya jagad. Kalisa sakehing memala lan rubeda anggonmu nglakoni alaming jejodhohan ngger!”Mangkana pangandikane ibu kekalih, sanadya ing pangucap kalair cetha nanging ing batine Dewi Kekayi ana rasa kang ngganjel jroning ati.
Mangkana sawusnya satataning ubarampe lan wujuding kang uparengga wus cumawis, adicara dhauping pinanganten kawiwitan. Jinem kang swasana angiringi adicara. Kakalihe samya tulus angucap prasetya suci ing ngarsane para pangarsaning agami lan para sepuh lan kadang kadeyan. Sawusnya rampung kang adicara, gumrenggeng swaraning kang puja-santi saking sakehing para pandhita kang samya angrawuhi. Kirabing kang pinanganten nulya kagelar, karya cingak kang para nupiksa. Kang kadulu dening kang para tetamu lan kawula Mantili sasat dewa asmara Kamajaya lan Ratih angejawantah. Ngrangin kang tetabuhan pangiring pindha swaraning gangsa Lokananta, binarung kang sesindhian wimbuh ing puja basuki, karya agunging pahargyan kang sumunar murub kekuwunge kaya sundhul ing ngawiyat.
Mesem jroning wardaya penganten kakalih kang kaya sinundhul puyuh gumbiraning manah. Kaya kaya ari kang kebak ing bebungah aja nganti age-age surup surya. Senajana ing jroning ratri, sakehing tontonan kang karya eden-edening pahargyan kaya sinuntak. Sakehing wewujudan budhaya kagelar binarung kang sesuguhan rampadan kang maneka cita lan rasane, temah marem lan sumringah kang padha mahargya.
Gelise kang munggel kawi, watara kalih pasaran saking jejering pinanganten wus kawuri. Nulya pamit saking nagri Mantili Prabu Dasarata dalasan para garwa putra lan mantu. Sawusnya kalilan dening Sang Prabu Janaka, mundur kang para tamu kairing wadya saking kekalih nagri gya wangsul marang negari Ayudyapala.
Gong beri maguru gangsa kateteg kadya butul-butula. Kairing kang panjeriting turangga lan hesti wimbuh lan kumlebete dwaja lelayu sebit kang kateraking maruta. Mangkana gumrahing sawara budhale kang wadya wangsul ing negari Ayudya. Nyimpang marga prajurit pangiring saking negari Mantili kang nguntapake lajuning pangiring saking tepis iringing nagri Ayudya. Mangkana pisahing wadya kekalih sasampunipun samya asung puja basuki.
Sarwa kekidungan ing samarga marga, lampahing prajurit pangiring Ayudya pala wus lulus raharja medal saking tlatah Mantili. Kasaputing ratri sigra Para Prajurit madeg kang pasanggrahan ing sajroning wana Dhandhaka karya lepasing kang rasa sayah-lungkrah. Sajroning ratri tan ana kang kacarita amung sunaring kang pratanggapati kairing sumawuring kang kartika ambyar-aglar ing cakrawala. Ing candhaking dinten, laju tindake kang Prabu Janaka nalika sunaring mega marbabak bang sumirat ing pucaking arga.
Nanging bebasan nembe lumaku kang amung sapecak, nalika samana kandheg kang para wadya pangarsa awit ing marga ana jalma kang ngadhang ngaglah tengahing dedalan. Sarira gung bhirawa, netra mentheleng tajem anggegirisi prabawane. Pranyata iku Sang Rama Parasu kang wus siyaga ing dhiri angadhang tindake Sang Raja Putra Ayudya Raden Rama. Ing pundhak kering sumandhang kang pusaka wadung nggegilani kang agenge tan kinira.
Mulat kang angadhang dalan, senajanta dereng nate Sang Dasarata nguningani pribadi wujud sarira lan praupane Sang Rama Parasu, nanging kabar kang wus sumebar nanjihake manawa tan sisip iku sejatine kang nama Rama Parasu, musuh-satruning para satriya lan para narenda. Kagyat Sang Dasarata kaya dene cinopotan kang jejantung lan linolosan otot bebayune.
Kanthi getering swara, mangkana Prabu Dasarata tambuh marang kang ngadhang marga, “Jengandika kang nama Rama Parasu . . . . ?
Rama Parasu amung manthuk, tan ana aba swara.
“Apa kang dadi sedyamu dene sira ngadhang ing dedalan?
“Lilanana putramu ngadhep ing ngarepku kene!” Rama Parasu jejawab tanpa darbe greget.
“Mangertiya lamun ing pabarisan iki, putraku Rama ya Ragawa nembe ana sakjroning swasana palakraman. Amarga nembe antuk nugrahaning jawata awujud Putri Mantili, Dewi Sinta.” Sang Prabu nyoba angalangi kekarepane Resi Rama Parasu.
“Ora peduli. Kuwi dudu perkaraku. Larapana putramu marang ngarepanku!”
“Apa kang jengandika karepake saka Rama Regawa putraku?”
“Rama iku sawijining satriya kang kasusra sekti mandraguna punjul ing apapak-mrojol ing akerep. Mula Rama kudu lulus ing pendadaran!”
Dheg swaraning jejantung Prabu Dasarata kaya swaraning tetalu. Sapa baya kang bisa asung pambyantu marang Rama? Kasektene Rama Bargawa lan kurban kang bebasan tanpa wilangan saka tingkahing Rama Parasu kaya ngguncake dhadhaning Sang Prabu. Mula puteging manah Prabu Dasarata ngrerepa minta panuwun marang Rama Parasu, “Dhuh Sang Resi, mugi paduka Sang Rasi kersa paring palimarma. Rama iku bebasan kembang ingkang nembe kuncup. Ora tandhing lan kasekten jengandika Sang Resi.”
“Dasarata! Ucapmu kaya dudu jejering nalendra. Ucapmu kang amung ngecomang-andaleming iku ora nudhuhake lamun sira wus tuwuk marang sarawung lan para brahmana ajar resi kang mesthi sira tuladha! Pawuruking para dwija resi ora katon jroning ucapmu. Kowe kudu mangerti lamun jalma manungsa iku tinitahake amung saderma nglakoni. Kabeh ana kang nitahake. Tindak sapecak omong sakecap kuwi ora liya ana kang nglakokake saka panguwasaning kang maha agung. Kabeh kuwi kedaden ing kene. Aku tumeka ing papan kene iki padha kaya dene sira tumeka ing papan kene uga! Sapa satemene kang ngatur saka panganggepmu? Kuwi marga saka panguwasane kang kawasa ing panguripan lan sejatining ngaurip!”
“Nanging Sang Resi . . .”
“Aja suwala. Larapana anakmu lanang marang pangarepanku. Saiki uga!!”
Mangkana, Prabu Dasarata gya dhawuh marang paranpara ngaturi Raden Rama marang ngarsaning Sang Rasi Rama Parasu. Sawusnya lenggah satata, mangkana Raden Rama ngendika, “Jengandika nimbali aku, Sang Resi?”
Rama Parasu amung manthuk lan tan pantara lama tetanya “Sira kang aran Rama ya Regawa, bener?!”
“Kepara bener pangandikamu Sang Resi, aku kang aran Raden Rama ya Regawa. Putra Nata Ayudyapala kang pembayun saka Rama Dasarata lan Ibu Ragu. Balik aku tumambuh marang sira Sang Resi, apa sira kang nama Resi Rama Parasu?”
“Mangertiya aku kang aran Rama Parasu, ya Rama Bargawa, ya Rama Wadung utawa Yamadagni Putra.”
“Nama jengandika Sang Resi wus kasusra anggegilani tumrap sakabehing para satriya. Paran kang dadi sedyane jengandika Sang Rama Parasu, dene jengandika ngendhegake lakuku. Apa barisaning wadya Ayudya gawe wisuna apadene osiking ati jengandika, Resi Rama Parasu?”
“Babar pisan ora! Nanging wruhana, lamun ing dina saiki aku arep njaluk pitulungmu. Amarga wus wahyaning mangsakala ingsun kudu mulih marang kasidan jati, mula sira tak jaluk pitulungane kinen nguntapake patiku” ngandika Sang Parasu.
“Sang Resi, aja Sang Resi darbe atur kang cengkah lawan kang sira ucapake? Yen jengandika nyuwun tulung supaya merjaya jenengsira, ingsun bakal suwala”. Mangkana pangandikane Rama Ragawa.
“Geneya? Apa ingsun kudu angruda paripaksa sira nyendikani apa kang tak ucapake?”
“Sang Resi, ucapmu kang njaluk tulung marang aku kuwi tetela amung wujuding rasa lelamisan. Pungkasaning aturmu kang bakal ngruda paripaksa iku sejatine kang tuwuh saka krenteging atimu nggone bakal merjaya kalawan aku. Iya apa ora Sang Resi?”
“Babar pisan ora! Crita kang wus katuturake marang para satriya wis makaping kaping kang darbe karep supaya mengerti, lamun ingsun sejatine kepengin kandheg uripku saka astane Bathara Wisnu, ora bakal tak ambali maneh marang sira. Wenganing bathara kang nudhuhake lamun sira kang asarira Bathara Wisnu wus cetha wela-wela. Mula ingsun wus ngupadi sira marang Ayudyapala, marang Negara Mantili nganti tekan ing alas Dhandhaka kene, ora liya amung ngajap lamun sira bakal nguntapake patiku”. Sang Parasu angandharke
“Aku ora bisa mateni jalma kang tanpa darbe luput marang jenengingsun”.Rama Ragawa suwala nanging jroning batin anggung, tetanya apa bener lamun Bathara Wisnu wus anyarira jroning ragane.
“Aja kakehan wuwus! Saiki sira amung kari milih salah sawiji, Aku mateni sira apa sira kang mateni aku!”
Sangsaya puteg rasaning galih Prabu Dasarata mireng pirembugan antarane Sang Resi lawan putranira, Raden Rama Ragawa. Puntoning pikir, ngandika Prabu Dasarata, “Oh Sang Resi, welasana marang putraku Rama Regawa. Rama, sira manuta marang kersane Resi Rama Parasu ngger!”
Nalika samana Sang Rama Regawa judheg sajroning nala. Rangu-rangu, mangu-mangu amung anjegreg kaya tugu sinukarta. Wekasan nalika Sang Rama Parasu angulungake ponang gendewa lan panah Kyai Bargawastra, sakala astane kumlawe nyandhak kekalihe. Gambira tyase Sang Rama Parasu, gya mundur palarasan sawatara. “Ayo satriya kang luhur ing budi, tamakna pusaka Kyai Bargawastra marang jajaku!!!”.
Nanging sawusnya pusaka kacepeng ing asta, ical kang rasa rangu. Kanthi rasa pangati-ati Raden Rama nyenyuwun marang dewa kang akarya jagad, muga kinalisa ing sakehing dedosan. Pusaka ingembat tumuju marang jajaning kang Sang Maharesi. Sanadyan aboting langkap kagila-gila, nanging tumraping Sang Rama Ragawa amung abot kapuk saumpamane. Jumepret swaraning kekendheng bareng kang pesating warastra. Tumancep Bargawastra marang jajaning Sang Parasu, rebah ragane, kuthah ludirane bareng kang pesating nyawa Sang Parasu. Tan pantara lama musna wujuding Rama Parasu. Mukswa, dadi Dewa!!
Tancep Kayon, kairing ing gangsa Sampak Manyura.

[Sumber:http://rarirureropramesthi.wordpress.com]
Comments
Post a Comment